Kang Awan sing awake gering kaya para pejuang jaman penjajahan. Najan gering kang Awan kegolong bagus, sembarang SD tekan mbahe SD (Mbah Hasiswa) akeh wong wadon sing melirik. Malah wis ping pindo kesenggol wong wadon, sing pertama kesenggol wong wadon sing numpak pit (olih bonus didomaih seporete). Terus kesenggol wong wadon numpak motor, saking gibyage wong wadon kuwe gole nyenggol nganti NJUNGKEL( bonus aweh helm, ora kepenak karo cewene sing nganti cidra). Mbuh ngemben-ngembene arep kesenggol maning apa ora( pasrah ).
Meh saben esuk ngliwet beras karo nggodog banyu malah sok-sok ngrewangi ninine njangan. Pancen sembarang cilik kang Awan wis biasa dikon njambut gawe. Sekang ngepel, nyapu, nggotong-ngotong apa bae sing abot, macul, lsp.
Semangat kang Awan merga ninine ngendika " nek nyapu sing bersih!!! ben bojone ayu". Tapi mbuh kepriben, najan sering banget ketemu "Widadari Dunya" ora siji-sijia sing kecandak. Padahal kang Awan wis di "parkir" neng njero atine "widadari", aliase mung gari di iyani thok. Ndean nyapune kebersihen sekang runtah tekan kemabang, nganti umaeh bersih ora nana apa-apane.
Kang Awan
Baguse lumayan
Nek sekang iringan kaya Ronaldo
Sekang mburi kaya Kaka'
Sekang kadohan kaya Leonardo Dicaprio
Diuber-uber widadari
Ditubruk mbekayu-mbekayu
Dikrubut Geng Wadon
Nanging ngoyok kanca tugelaning nyawa
Ora tau kecandak
semoga semua bahagia
Tidak ada komentar:
Posting Komentar