Minggu, 18 Oktober 2009

Kita Bisa Buat Garam

Dina kie ora patiya panas tapi lumayan bisa gawe udan kringet neng endi-endi, lumayan kena nggo gawe uyah. Nyatane lagi jaman susah dadi ya maklum baelah, daripada tuku uyah mending nganggo "uyah basah". Kaya karo sapalah, pada-pada menungsane sing penting enak tur asin jangane lan panganan liyane. Rika ra ngerti si, sing jenenge bumbu pecel bisane dadi asin semending utawa akeh mesti kecampur "uyaeh bakule".

Akeh wong sing uripe kepenak banget, ora tau mikir panganan kie sekang endi? gawene kepriwe? nglanggar Undang-undang apa ora?

Balik maning karo "produksi uyah" . Meh kabeh panganan mbuh sethitik apa akeh mesti butuh uyah. Alhamdulillah rega uyah urung tawu nganti jutaan beda karo emas, padahal urung tau nyong weruh wong gawe jangan dibumbuni emas. Tur anehe maning penjahat bisa nganti mateni wong gara-gara emas. Seprana seprene urung tau krungu ana wong mateni gara-gara arep nyolong uyah. Mulane nggo para Nyonya-nyonya/ calon nyonya aja pada nganggo emas, cukup pakai Uyah.

Astaghfirulloh, sayange nek regane murah sing bengel(pusing) petanine. Kepriwe ora murah nek saben pejabat nganggone dasi padahal musime lagi panas kaya kie. Jelas bae "produksi uyah " ngungkuli permintaan maklum kringete nganti gembrobyos(bercucuran) najan nganggo AC. Otomatis kringete pejabat ngungkuli wong-wong, ditambah maning pejabat neng negarane nyong gole kerja ora kira-kira. Nganti sering keturon neng kantor kuwe mesti mbuktekna nek gole kerja direwangi lembur nganah-ngeneh.

bersambung ........entah kapan akan dilanjutkan.......
.....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar