Tresna sakala-kala kaya cahya kang sumunar gawe padange jagad kang peteng. Marahi apa wae tansah katon wujud kang sanyatane. Nanging kanggo wong kang durung suwe olah rasa bab tresna bisa njalari kebakar atine utawa lewih nggegirisi maneh. Kaya cahya surya kang di fokusake nganggo kaca pembesar bisa mbakar kertas lan apa wae. Nanging dudu manungsa jenenge nek ora oleh aneka warna pacoban ing donya. "Dan Sungguh akan Kami berikan cobaan kepadamu, dengan sedikit ketakutan, kelaparan, kekurangan harta, jiwa dan buah-buahan. Dan berikanlah kabar gembira kepada orang-orang yang sabar." (QS 2: 155)
Tresna iku anugrah Gusti kang akarya jagad. Anugrah arupa tanggung jawab kanggo njaga kawulane Gusti saliyane pribadi kang kanugrahan tresna mau. Uga anugrah arupa nampa kabar kang ora nyenengake yaiku tresna kang urung nemu tugelaning jiwane/ tresna kang mung setugel thok. Nanging janjane tresna iku salah sijine sifat Allah kang uga diturunake marang manungsa.

Nanging tresna sing kaya apa kang murni/ temen-temen saka Gusti?
Tresna kanjeng Nabi Muhammad SAW marang umate nganti pas sedane ngendika alon"ummatii,ummatii, ummatii" . Tuladha liane yaiku tresnane ibu marang anak kanthi gelem ngandung jabang bayi, ngrumat tekan 9 wulan, nyusoni, lan nganti tekan ngawinake putrane lsp. Tresna kang ora ngarep-arep ganjaran saka kang di tresnani. Tresna kang ora gawe duka Gusti Kang Maha Welas Asih.
oleh: Puthut Widyawan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar