Dina wengi sing peteng ndedet mung keton cahya-cahya cilik sing kadang katon kadang ilang maning. Hawa adem nyocogi balung sing dibungkus daging semending, nambah nambaih gawe mrindinge nganti ora teyeng mikir. Mbuh ijig-ijig kepriwe nyong dewekan neng tengah alas sing jere nggone dedemit, sing gemiene dong esih urip sering korupsi marang kerajan Majapahit. Berarti dedemite ndean mantan pejabat duwur pas jaman Majapahit, sing berarti rika kabeh urung lair. Apamaning jaman Majapahit, lha jaman siki bae UU Korupsi No 31/1999 metune tembe wingi wingi alias 54 sekang dina kemerdekaan. Mbarang gemien sesepuh negari Indonesia iloken pada ngapa bae. Kaya-kayane ora nana gerakane babar blas.
Gedebuuuk jedor, seru banget munine nganti gawe kuping budeg sedela. Kukus ireng metu sekang njero wit ringin sing gedene ngungkuli menara mesjid Bocari sing duwure 200 meteran. "He bocah cilik lagi ngapa kowe neng kene hah?" "mboten saweg menapa-menapa, mbaeh sinten lan kenging menapa ngangge bahasa wetan?" "ya iyalah diriku kan orang jaman Majapahit gitu loh emang loe dari Purbalingga". "Nuwun sewu, berarti panjenengan ingkang asring korupsi dumateng negari Majapahit?" "yes that's right "jawab mbah demit. "Bahasane ko gonta ganti bae kemlithak temen jane, apa mbaeh ora wedi kewenangan rajane?"
"wedi tapi mung sethithik amarga keprigelanku ing babagan korupsi ngungkuli hukum wektu semana". Diriku bertanya"tapi akhire mbaeh kewenangan apa ora? ", mbah demit njawab"raja wektu semana duwe kekuasaan kang khususe ing babagan hukum, dadi hukum iku kayadene apa kang dikarepake raja, selaras karo landasan kosmogoni raja iku titisane dewa. Pancen apesku dek jaman semana korupsi marang negari kang dipimpin raja kang adil. Delengen Prasasti Guntur (907 M), Wurudu Kidul (922 M), dan Tija (sekitar abad X). Ing prasasti-prasasti iku Petugas pajak kang kagolong elit birokrasi ora luput kelawan hukum. Singkat kata sepandai-pandai tupai meloncat pasti akan jatuh juga". "Emangnye mbaeh pandai ?".Kanthi jengkel mbah demit ngomong "Bocah ingusan ora bisa ngregani wong tuwa minggat sekang papan iki!"
Tring wuuzzzzz gempuling -gempuling awake nyong tiba sekang alas mbuh alas apa, nganti awake pada njarem.
oleh: Puthut Widyawan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar