Sabtu, 07 Maret 2009

Del piro lawan Slamet

Del piro nggiring bal kaya wong sing lagi nari-nari lincah banget. Gampang banget ketone ngliwati pirang -pirang pemain Indonesia. Untunge Indonesia duwe bek kelas dunia sing main neng AC Milan yakue Slamet. Pancen wong jaman gemien ketone si ora nana apa-apane nek dibandingna wong jaman siki, tapi mbuh kepriwe bisa njenengi anake Slamet kok ya ndilalah pancen gawe slamet. Kocap kacarita pada tahun 1986 bulan Februari tanggal 24, terlahirlah anak yang tampan dan dengan selamat lahir dekat gunung slamet. Sembarang cilik Slamet seneng munggah gunung slamet karo kanca-kancane, sing merekna gumun munggahe karo playonan. Kadang malah karo nggawa suluh nggo biyunge. Ndean saking seringe munggah mudun gunung Slamet merekna energi gunung nular utawa keserot maring njero awake Slamet. Tapi mung ndean, sing jelas Gusti Allah wis Nganugrahaken kekuatan maring Slamet.

Pas SMA Slamet kon biyunge karo ramane sekolah neng Purbalingga sing jere paling
canggih seluruh dunia Purbalingga. Nek pelajaran olah raga Slamet keton rosa banget, nek kancane ambegane "dji sam soe" aliase wis pada megap-megap kaya wong sing doyan ngrokok, ambegane(bernapasnya) rosane nek udud thok. Apamaning awake Slamet duwur kaya gunung Slamet, nek ana bocah sing kesenggol sethithik mesti dadi gentoyongan malah kejungkel. Pokoke Slamet kuat banget nek nggo ukuran ndean pada karo atlet profesional. Lha kuwe sing merekna gurune Bapak Sunarto prentah kon njajal mlebu klub profesional, apa bal-balan apa basket, utawa apa lah sing penting bisa ngembangna bakate karo jiwane sing esih ijo.

Singkat crita Slamet wis main neng Ac Milan, jere sih Slamet sekang kemampuan dipadakna kaya Nesta.

Balik marang pertandingan Indonesia vs Italia, Del Piro sing dadi legendane Juventus pancen canggih nek pas nggiring bal. Untung Slamet sing wis ngrekam gaya maine Del Piro pas adep-adepan gemiyen neng Italia, wis nemukna penaware nggo ngadepi Del Piro. Slamet konsentrasi ndelengna bal karo tarian sikile Del Piro, ngenteni ana celah sethithik nggo mbuang bal. Tenang, konsentrasi lan keputusan sing pas akhire Slamet bisa ngalahna Del Piro. Del Piro nglogog, gumun, ora percaya bisa kalah karo wong kaya Slamet. Bisa kalah karo wong Asia, Indonesia, Jawa Tengah, Purbalingga.

Slamet terus main apik nganti bisa gawe bengele, frustasine pemain depan Italia kaya Gilardono, Luca Tono, malah pelatihe Italia nganti ngomong marang Slamet" รจ il numero uno (ko nomer siji)". Nanging hasil akhir mung imbang 0-0 , kepriwe ora imbang Indonesia di kunci karo serangan sing bergelombang. Lha pas penyerang Indonesia olih bal terus di tendang bale, di cekel kipere G Bupon mung nganggo tangan siji. Apa ora gimana kaya kue, untung si ana Slamet sing mentahna pirang-pirang serangan.

Bubar

oleh: Puthut Widyawan



1 komentar:

  1. Efrilia L7:03 PM

    kurang menarik.karne bahasanya kurang bisa dimengerti.pake bahasa adat purbalingga ya...klo pake bahasa jawa, mending jawa pada umumnya saja....Ok??

    BalasHapus