Cahya wulan kang padang nanging uga alus gawe tentreme ati lan nambah-nambahi endahe wengi kang adem. Cahya kang asale saka pantulane cahya surya, nanging cahya pantulan kasebut tetep nduweni magnet kanggo sapa kang ndeleng. Kaya dene kanjeng Nabi kang oleh cahya saking Gusti Allah SWT, kang bisa gawe tentreme bumi sak isine. Cahya kang gawe padange wengi kemusyrikan lan sifat kewan kang ana ing masyarakat jahilliyah. Cahya kang ngetokake endahe hukume Gusti Allah nganti dikenal lan diyakini ing saakehing bangsa. Cahya pantulan uga kaya cahya kang ana ing pribadi para sahabat, tabi'in tabi'it nganti para alim ulama ing jaman kang jarene modern. Uga para umat Islam kang tansah nguri-nguri ajaran saka kanjeng Nabi Muhammad SAW.
oleh: Puthut Widyawan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar